teman sekos yang lagi beem cepat semangat lagi ya?
![]() |
| teman sekos yang lagi beem cepat semangat lagi ya? |
jumat, 19 september 2014
pulang sekolah, ya setelah pelajarannya pak hendra, aku sudah siap-siap pulang dan di kelas tinggal beberapa anak saja, saat itu krisma datang untuk memberikan flashdisk gak tahu isinya apa dia cuma bilang ini buat kamu buka videonya, oke fix,,,aku buka di rumah nanti saja, trus tiara datang datang dari jendela pas ketepakan panggenku nang pinggir jendela ngekeki aku peghapus tinta ireng bayangno to? jan nggarai aku pegel, sujokno aku gak kenek tapi mari ngono cah sing urung mulih mau ngekeki aku penghapus neh,,,jan tapi aku isik iso ndelik nang dito trus tak tutupi tas cangkinganku, untung ra kenek tapi dito malah ngalih piye to to? awakmu iki penolongku malah ngalih, trus aku malah digujer anky,,wis ra iso obah aku, dioseri penghapus sampek wajahku koyo areng ngono loh, astaghfirullah haladzim, nemen e dito yo ngekek i aku penghapus,,,walah tototo awakmu ki ra kenek diajak koordinasi.oke aku mulih dengan coretan aku langsung mlayu nang jedhing sampek tak bolan baleni akhire rodok ilang lek gae sabun adus, sujokno enek sabun adus, isin aku cah-cah....trus aku sholat nang mushola sekolah, wis mari kan? aku medhun eneh. pas gae sepatu rapik teko karo ngomong slamat ultah nang aku,,,oh yo iki mau ultahku yo? meh lali aku, bareng wis cethuk karo omong-omongan yola mengo nang aku karo ngguya-ngguyu gayane biasane, walah.lha pas kui yo enek lelut pacare yola, wis duwe pacar malah aneh-aneh karo aku, titenono yol????aku mulih mlaku dewe, trus ndelok videone krisma, rizka, dinda, vira,,,jan apik tenan cah,,,matur suwun yo dadi konco terbaikku , trus nang videone enek the balang, cah moklet tapi yo cah ndhuwur maksud e kelas e, foto karo tulisan happy birthday utiz,,atur suwun banget, akeh harapan e kanggo aku, mugo-mugo mbalek nang awakmu yo? amin...mestine gae video iki suwi tur angel mbutuhne wektu sing akeh iyo kan? aku yo kangen karo awakmu, sepurane aku wis suwe ora dolan kosmu, jan sepurane nggarai akeh tugas pisan yoan, jreng...jreng...jrengg magrib aku, danti, miming sholat nang masjid, karepku ngono mari teko masjid arepe nang avan tumbah roti roma, wis arepe metu ngono rpeipe teko jarenen ditinggal galang footsal nang biru, yowis to aku ra sido metu, omong-omongan disek jarene dek e dewe, krisma ibuk e teko, dinda nang mbah e, cepir nang lawang..wis mari ngomong rodok suwe ngono cepir karo dinda nggowo kue trus enek lilin e, adohhh opo pisan iki, aku jan sungkan karo cah kabeh yo piye aku kan yo ora sampek ngekek i cah-cah opo ngono tapi mekgor siratan banyu karo tepung ngono..jan matur suwun surprised banget menurutku, trus kabeh kanca sak kos karo the balang mangan rotine bareng, rotine enak pisan...wis mari foto-foto tibakno nyapo ngono o? aku disok i tepung. adoh....aku wis adus mbak bro??? ditambah sirayan banyu kro sunul, citra,,sujokno aku gae kudung adi ra patek reged rambutku,
iki jan kejutan ulang tahun pertamaku karo kado pertamaku saumur uripku,,matur suwun wis perhatian nang aku yo???mugo-mugo allah ngabulne dongane kabeh amin.....wis mari maem roti, aku salin trus minarakne the balang nang kamarku, trus maem puding buatanku, seger kan? enek sing jarene ngantuk baterene hape entek lah,,poko e enek lah? pokok e rodok suwe nang aku,,,,,sejam berikut e aku ngerjakne pr nang kamar karo ceming. citra, sunul, indri iki bolak balek ang kamarku. jane iki ono opo to? dan terakhir sunul,,,meneng krik..krik...krikkk...hepi besde to yu,,mbak yuyun karo balane mlebu kamarku karo nggowo brownis cokleat lo? ngerti kan? alhamdulilah, nduwe konco karo mbak kos sing beneh koro ngene iki, aku jan terharu ngene iki kudu nangis tapi yo piye neh aku ra iso nangis...trus foto-foto selpi ngono nang kamarku, sakjane mau yo foto-foto karo the balang nang dalan ngarep kos,,,etuk roti new york, karo brownies enak, kado video mengharukan, alhamdulilah, matur suwun yo? kabeh mugo-mugo kabeh dongane sampeyan terkabul, amin... ulang tahun dirayakne, hadiah kado, surprised pertama kali saumur uripku,,,muuuuaaaaaattttttttttuuuuuurrrrr sssssuuuuuuuuuuwwwwwwwwwuuuuuuuuun bbbbbbbbbbaaaannngggggggeeeeeetttttt, ratna lope you,,,umuah

Komentar
Posting Komentar